Sabtu, 04 Juni 2011

Contoh Cerpen Bahasa Jawa


Tiba Menyang Kali



Dina iku,dina senin .Srengenge wis mulai sumunar madangi cakrawala sing maune peteng ndedet. Ghodong-ghodong teles karo embun.Wit witan obah diembus angin esuk sing atis.Suasana sing maune peteng siki padhang lan katon seger.


Wayah iku,Fadel esih tengkurep ing kasure.Kemule morat-marit ora karuan.Bantale ana neng sikil.Neng sebelahe ana buku paket sing kebukak lebarane.Amarga pas mang mbengi Fadel sinau nggo ulangan dina kie.Nanging ndilalah bocahe keturon.Lha kepriwe ora keturon,wong sinaune bae sambil turuan.


Dok! Dok!Dok!Krungu swara dodhogan ing pintu kamare Fadel.


“Fadel ...!Ayo tangi ! Wis krainen kiye.Ko ora sholat subuh apa Le?” Ibune Fadel mbengok sambil ndodhog-ndodhog.


Fadel sing maune turu langsung kaget krungu suara mbengoke ibune.


“Astaghfirullah !Nyong krainen kiye!”jere Fadel sambil ndeleng jam.Dheweke banjur langsung neng mburi nggo wudlu,lan langsung sholat subuh.


Sarampunge sholat subuh Fadel banjur bali maning neng kamar nggo nyiapake buku nggo dina kiye.


“Lah . .. apes temen”,jare Fadel sarampunge nyiapake buku.”Sinaune bae mung separo.Duh ,ulangane jam pertama maning.Ya wis lah sinau maning bae. Inti-intine thok.”


Fadel banjur sinau maning.Nanging bocahe malah kelalen karo waktune.Sinaune kebablasen nanging dheweke ora nyadar nek wis waktune mangkat sekolah.


“Fadel cepetan madang! Wis adus durung?”Ibune Fadel mbengok sekang pawon.


Fadel banjur langsung ndeleng jam.


“Lailahaillallah” jare karo gupuh.”Bu,kula mboten nedha nggih.Kula adus mawon.”


“O . . . ora bisa.Pokoke ko ora olih mangkat nek ora sarapan.”jere ibune teges.


“Fadel manut.Dheweke ora sida adus,nanging langsung mangan.Mangane gupuh banget.


Sawise mangan Fadel cepet-cepet ganti klambi OSIS SMA-ne.Dheweke nggoleti sepatune.


“Bu. .. ! sepatu kula ten pundi?”


“Sepatune ko wingi teles,kudanan pas dipepe.Wis nganggo sepatune Pras bae.”


Fadel banjur nganggo sepatune Pras,adhine sing madan keciliken.Dheweke terus manasna sepeda Hondane,lan pamit karo ibune.Dheweke banjur mangkat sekolah.


Ing tengah dalan,Fadel kemutan nek dina kie upacara.Dheweke kelalen nggawa topi.Dheweke banjur bali maning neng omah lan njikot topine,terus mangkat karo gupuh.


Ing tengah dalan ana kayu palang sing melintang,nggo mbatesi dalan sing nembe disemen.Saking gupuhe Fadel ora peduli,kayu palang kuwe ditabrak bae karo montore.Pas kuwi ana tanggane Fadel sing ndeleng kadadeyan kuwe.Si Fadel terus didelengi karo tanggane kasebut.nanging Fadel terus nyetir kanti gupuh.


Fadel banjur ketemu karo dalan sempit sing nanjak.Ana kali cilik ngalir ning ngisore wiwitan dalan sing arupa jembatan,terus dalan sing ngarepe kiwa-tengene suket-suketan lan semak belukar.Fadel nyetir mandan banter,ora patia nggatekna tanggul-tanggul ing dalan.


Ijig-ijig ana montor nggawa karung sing gede lan dawa banget sekang arah ngarep.Motore Fdel sing lagi nglewati tanggul ora sempet ngelak,lan kesenggol karung kuwe.


Fadel langsung ngguling ning arah kiwa.Awake terus ngguling-ngguling nganti akhire njegur neng kali.Kali kuwe aruse lagi deres,banjur Fadel langsung kegawa arus.


Wis telung dina wiwit kedadeyan iku.Fadel ngethap-ngethipaken matane.Sawise matane wis bisa ndeleng kanti jelas,dheweke bingung.Iki nang ndi ?Batine. Dheweke lagi turuan ing ndhuwur dipan kayu mungil.Ing kamar sing asing banget.


“Sampun wungu mas?”


Swara sing alus krungu neng sampinge. Fadel noleh. Ana bocah wadon ayu sing lungguh neng sisi dipan. Banjur, ana sawijining ibu-ibu mlebu nang kamar kuwe.


“Niki ten pundi?” jere Fadel.


“Ten griya kula. Panjenengan ditemokaken ten pinggir lepen dening warga mriki. Mas semaput sampun telung dinten. Alhamdulillah, sapunika sampun sadar,” jere ibu kuwe.


“Badan kula mboten punapa-punapa nggih, Bu?” Fadel takon.


“Mboten mas…mung kathah lebam-lebam kaliyan luka sethithik. Mboten usah kuatir. Ngapunten nggih mas, kita mboten ngasta panjenengan dhateng rumah sakit. Amargi luka-lukane mung sethithik. Biaya rumah sakit ugi larang…,”jere ibu kuwe.


“Nggih, mboten napa-napa Bu…,”jere Fadel.


“Niki sawijining keajaiban nggih Mas,”jere bocah wadon kuwe. “Mas katut kagawa arus banyu lepen, namung Alhamdulillah mas mboten napa-napa.”


“Matur nuwun…sanget nggih Bu, Mbak,” jere Fadel. “Menawi mboten wonten njenengan,kula mesthi tesih dereng saged mbukak mripat.”


Ibu lan putrane iku mung deleng-delengan karo mesem.


Sawetara iku, kaluwarga lan tangga-tanggane Fadel bingung nggoleti dheweke. Tim SAR uga esih nggolet Fadel, nanging mandan angel amarga ora ana saksi neng kadadeyan kuwe. Wong nggawa karung sing nyenggol Fadel malah kabur mbuh nang endi.


“Fadel…anakku,”ibune Fadel nangis-nangis kuatir. Wis rong dina iki ora turu.


Ing omah cilik nggon Fadel dirawat, Fadel lagi ngomong-ngomong karo ibu sing ngrawat dheweke lan putrane. Ibu iku jenenge Bu Fatimah, nek putrane jenenge Zahra. Zahra luwih enom setaun sekang Fadel.Fadel kelas 2 SMA, nek Zahra kelas 1.


Ijig-ijig pintu ngumah didodhog. Zahra mbukakna pintu.


“Wah…Bapak sampun wangsul. Kesel nggih Pak?”takone Zahra karo nyalami tangane Bapake.


“Ya kesel Nduk. Wis telung dina bapak ora bali, nginep neng nggone Paklikmu, kanggo ngurusi barang-barang bekas,” jere bapake.


“Pak, ten griyanipun kita wonten tamu. Mangga Pak, tetepungan,” jere Zahra. Zahra banjur nggandeng bapake neng kamar nggone Fadel.


“Niki bapak kula,”jere Zahra.


“Sugeng siang Pak,nami kula Fadel.”


Bapake Zahra ndelengi Fadel. Rasane aku tau ndeleng kiye bocah, tapi neng endi ya? Batine.


“Sugeng siang.” Akhire bapake Zahra njawab. “Kula Pak Udin.”


“Mas Fadel niki dipuntemokaken ten pinggir lepen. Maka sawetaris wekdal manggen ten mriki,” Bu Fatimah crita.


Pak Udin mandan ndredheg. Dheweke kemutan, telung dina kepungkur dheweke ora sengaja nyenggol bocah SMA nganthi nyebur kali. Nanging dheweke malah kabur merga keweden.


“Omahmu neng endi, Nak?” takon Pak Udin.


“Ten Griya Santa Pak,”wangsul Fadel.


“Kowe tibane neng kali ngendi?”


“Ten lepen ten Griya Santa.”


Pak Udin kaget banget. Jebule bocah sing wingi disenggol karo dheweke ditemokna lan dirawat neng omahe. Nanging, dheweke ijig-ijig ngrasa bersalah banget karo Fadel.


“Nak…”jere alon, banjur lungguh neng sisi dipane Fadel. Terus, Pak Udin mbungkuk.


“Nak…! Ngapunten sanget nggih !”


Fadel, Zahra lan ibune bingung.


“Kagem napa Pak?” takon Fadel.


“Ngapunten…banget nggih Nak. Sabenere kula ingkang nyenggol panjenengan!”


Fadel, Zahra lan ibune kaget banget.


“Masya Allah Pak…sagedipun?” jere Bu Fatimah.


“Aku ora sengaja Bu. Lan merga keweden, aku langsung kabur. Aku ora tanggel jawab. Ngapunten sanget…”jere Bapak kuwe karo nangis.


Fadel luluh atine. Senajan Pak Udin ora tanggel jawab, bojo lan anake wis nulungi lan ngrawat dheweke tanpa pamrih. Tur maning, Pak Udin wis njaluk sepura. Awake uga ora papa, mung luka-luka sethithik. Fadel pancen bocah sing dawa ususe.


“Nggih Pak…mboten napa-napa,”jere Fadel akhire. “Kula ugi salah,kula ngebut.”


Pak Udi banjur ndekep bocah lanang kuwe. Dheweke bener-bener nyesel…nyesel banget. Dheweke ngrasa dadi wong sing pengecut.


“Kula bakal ngrawat panjenengan nganthi bener-bener mari,” jere. “Kaliyan kula bakal njujugna panjenengan ten griya kaliyan kaluwarga panjenengan, Mas”


Kadadeyan iku dadi piwulang sing berharga banget ing uripe Fadel lan Pak Udin. Utamane, Pak Udin.

0 komentar:

Posting Komentar